Kamus Jawa Sederhana

aba : préntah, pakon, dhawuh;
ngabani : mréntah kanthi swara.
abab : hawa saka cangkem;
mung abab thok : mung swara thok, ora cucul dhuwit.
abad : jaman sing suwéné satus taun.
abadi : lana, langgeng, lestari.
abah : abah-abah prabot, piranti;
abah-abah tenun : prabot kanggo nenun;
jarané diabah-abahi : di tropi lapak lan kendhali; lan sak panunggalané;
ora dadi abahan : ora kanggo gawé;
kumureb ing abahan : pasrah pati urip.
abang : laka, lak, jingga, abrit;
mung di enggo abang-abang lambé : tembung sing manis mung samudana;
ngabangaké kuping : marakaké nesu;
ngabang bironi : bingung anggoné golék butuh;
rainé abang dluwang : rainé pucet banget;
jajabang mawinga-winga : nesu banget.
abar : aber, ngabar, suda;
jagoné diabar : jagoné dikabrukaké;
jagoné abar-abaran : kabruk-kabrukan.
abdi : réncang, réwang, batur;
abdi dalem : baturing ratu, adalem, kawula, aku, kula,
aben : adu, ngedu;
aben-abenan : adon-adon. Baca lebih lanjut